Sabtu, 15 Februari 2014

Kumpulan Parikan Jawa Lucu Lengkap :)


Berikut Ini Adalah Kumpulan Parikan Lucu :

Pring gading jiblok gapuk
Ojo njengking ndak ditubruk

Tuku sate lodeh, dipangan karo tempe akeh
Pede yo oleh, nanging yo ojo karo ndobleh

Budal ngetan tuku boto, ora lali tuku kloso
Golek bojo sing iso dijak urip soro, sakwayah2 iso dikon nyithak boto

Entut mambu marahi ribut
Kadung mlebu nanggung yen arep ndudud

Walang kekek nemplok neng pager
Lanangan tuek kok diuber-uber


Klambi biru nang nduwur klasa
Yen bapak ibumu ra setuju, aku isa apa?

Suwe ora jamu, jamu godhong suket
Suwe ora nyawang rupamu, nyawang pisan malah mumet

Ono londo ajar basa jawa
Entuk pacar jebul bekas germo

Wajik klethik gulo jowo
Yen ra kuat ojo ngoyo

Nomer telu, nomer songo
Tangi turu, ha kok wis tuo.....

Mangan kare dicampur bubur
yo ben kere sing penting jujur

Yuyu adus dirubung kepik.
Apa gunane ayu lan bagus yen mung neng profpic?

Dolanan gitar lagune melayu,
Yen atiku disigar hanya ada kamyu..

Lunga nang semarang niate tuku kayu,
Nang kene rak ono sing kurang kejobo sliramu cah ayu


Pak carik wetenge kembung,
Plirak-plirik neng rak wani nembung

Nabok nyilih tangan,
Durung cewok kok uwis mangan

Sego ketan nggo sarapan
Dasare moto duitan, Dompet kandel dadi inceran

Sapi lemu gaweane mangan turu,
Ndelok rupamu dadi marake pengen turu

Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang...
Paras ayu, tapi mlakune ngambang

Awan-awan mangan gethuk
bubar mangan kok ngantuk

Bude teko nggowo bolu…
Ngakune joko anake telu

Mangan jadah, enteke telu
Najan simbah, adhi kelasmu



Itulah beberapa pantun lucu bahasa jawa, pantun ini bisa buat guyonan bersama sahabat dan teman. Bisa juga lho buat sms pantun jawa yang kental dengan rasa kekeluargaanya. :)
Jangan Lupa Isi Komentar Ya.... :)

5 komentar: