Senin, 17 Februari 2014

Pengertian Pantun Bahasa Jawa ( Parikan ) Lengkap


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. 
Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikan
Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
  • Kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
  • Saben saukara kadedan saka rong gatra
  • Ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Semoga Bermanfaat Gan & Jangan Lupa Isi Komentar Ya.... :)

3 komentar: