![]()  | 
| Cangkriman | 
           Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang itawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan utawa batangan. Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku :
a). Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha (contoh) 
- Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
 - Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
 - Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
 - Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
 
b). Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :
- Sega sakepel dirubung tinggi : salak
 - Pitik walik saba kebon : nanas
 - Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
 - Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
 - Emboke di elus elus anak di idak idak : andha
 - Gajah nguntal sakrah : pawon
 - Kebo bule cancang merang : buntil
 
c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :
- Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
 - Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
 
d). Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing tembung. 
Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
Bangsa sato kadya peksi,
Sasana nunggil manungsa,
Pamboga maduning sari,
Sewara anglir raseksa,
Darbe curiga ing merdi.
Jangan Lupa Isi Komentar & Semoga Bermanfaat :)
Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
Bangsa sato kadya peksi,
Sasana nunggil manungsa,
Pamboga maduning sari,
Sewara anglir raseksa,
Darbe curiga ing merdi.
Jangan Lupa Isi Komentar & Semoga Bermanfaat :)











terimakasi atas bantuannya..... :D
BalasHapusAlhamdulillah bisa membantu saya
BalasHapusMakasih ilmunya:")
BalasHapus